Jeremiah 3:1 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane: “Manawa ana wong megat rabine, wong wadon mau banjur lunga ninggal dheweke lan dadi rabine wong liya, apa iya bojone kang dhisik mau mbaleni wong wadon iku? Nagara iku rak wus tetep najis? Sira wus laku jina karo bedhangan akeh lan nedya ngulihi Ingsun? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Gusti: “Yèn ana wong megat bojoné, wong wadon mau terus lunga ninggal dèwèké lan dadi bojoné wong liyané, apa ya bojoné sing ndisik mau mbalèni wong wadon kuwi? Negara kuwi apa ora wis tetep reget? Kowé wis laku bédang karo bédangan okèh lan arep mulih menyang Aku? Mengkono tembungé GUSTI.