Jeremiah 3:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn ing waktu kuwi kowé tangkar tumangkar dadi okèh lan pada nduwé turunan ing negara kéné, mengkono tembungé GUSTI, peti perjanjiané GUSTI ora bakal diomongké menèh. Perkara kuwi ora bakal tukul ing sak njeruhné ati menèh lan wis ora bakal diéling-éling karo wong menèh; wong wis ora nggolèki lan nggawé menèh.