Jeremiah 31:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Apa Efraim iku dudu putraningSun kang kinasih utawa bocah klangenaningSun? Sabab samangsa Sunwelehake, Ingsun tansah kengetan marang dheweke, marga saka iku panggalihingSun trenyuh, ora kena ora Ingsun mesthi bakal paring piwelas. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Apa Efraim kuwi duduk anak-Ku sing ditrésnani utawa botyah klangenan-Ku? Awit yèn Tak welèhké, Aku tansah kèlingan marang dèwèké, awit sangka kuwi ati-Ku trenyuh, ora bisa ora, Aku mesti bakal ngekèki kawelasan. Mengkono tembungé GUSTI.