Jeremiah 31:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, kang maringi srengenge kagawe madhangi awan kang netepake rembulan lan lintang-lintang kanggo madhangi bengi, lan ngebur sagara, nganti alune molak-malik, -- asmane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi --:
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé GUSTI, sing ngekèki srengéngé digawé madangi awan sing netepké mbulan lan lintang-lintang kanggo madangi mbengi, lan nglebur segara, nganti ombaké molak-malik, asmané GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: