Jeremiah 31:36 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Kayadene katemtuan iku anggone ora bakal gumingsir saka ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, iya kaya mangkono uga trahe Israel ora bakal pegat-pegat anggone dadi bangsa ana ing ngarsaningSun ing sauruting jaman.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kaya sing ditentokké kuwi enggoné ora bakal owah gingsir sangka ngarep-Ku, mengkono tembungé GUSTI, ya kaya mengkono uga turunané Israèl ora bakal pedot-pedot enggoné dadi bangsa ing ngarep-Ku ing sak uruté jaman.