Jeremiah 32:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku nuli masrahake layang pratandha mau marang Barukh bin Neria bin Makhseya ana ing ngarepe Hanameel, anake pamanku iku, ana ngarepe para seksi kang padha melu nandha-tangani layang pratandha mau, lan ana ngarepe kabeh wong Yehuda kang ana ing plataraning pajagan kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku terus masrahaké layang tanda mau marang Baruk, anaké Neria, anaké Makseya, ing ngarepé Hanamèl, anaké pamanku kuwi, ana ngarepé para seksi sing pada mèlu nanda-tangani layang tanda lan ana ngarepé kabèh wong Yéhuda ing lataré penjagan kono.