Jeremiah 32:35 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Padha ngadegake tengger-tengger pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ana ing Lebak Ben-Hinom, sarana ngobong anak-anake lanang lan wadon minangka kurban marang Molokh, kadadekake kurban ing geni, sanadyan Ingsun ora tau ndhawuhake lan babar pisan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun, yaiku bab nindakake kanisthan iki, temah Yehuda tumiba ing dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pada ngedekké puntuk-puntuk pangurbanan kanggo nyembah marang Baal ing Legokan Ben-Hinom, karo ngobong anak-anaké lanang lan wadon kanggo kurban marang Molok, didadèkké kurban ing geni, senajan Aku ora tau mréntahké lan babar pisan ora tau tukul ing ati-Ku, ya kuwi bab nindakké sing njijiki iki, nganti Yéhuda tiba ing dosa.