Jeremiah 32:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono cundhuk karo pangandikane Sang Yehuwah, Hanameel, nakdulurku, nuli nemoni aku ana ing plataraning pajagan lan ngusulake marang aku: Pategilan kula ingkang wonten ing Anatot, ing tlatahipun Benyamin, sampeyan tumbas, amargi sampeyan ingkang gadhah hak-ndarbeni lan hak-nebus; sampeyan tumbas punika! Aku banjur ngreti, yen prakara iku saka Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono tyotyok karo tembungé GUSTI, Hanamèl, sanak sedulurku, terus nemoni aku ing lataré penjagan lan ngusulké marang aku: Kebonan kula ing Anatot, ing panggonané Bényamin, sampéyan tuku, awit sampéyan sing nduwé hak nduwèni lan hak nebus; sampéyan tuku kuwi! Aku terus ngerti, yèn perkara kuwi sangka GUSTI.