Jeremiah 34:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sakehing panggedhe, lan rakyat kabeh kang padha melu ing prajanjian iku padha nyarujuki manawa saben wong bakal ngluwari bature lanang lan wadon, supaya padha dadi wong mardika, temah ora ana wong sawiji-wijia kang duwe batur panunggalane wong iku. Wong-wong padha nyarujuki lan padha mardikakake para bature.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh penggedéné lan rayat kabèh sing pada mèlu ing perjanjian kuwi pada ngrujuki yèn saben wong bakal ngluwari baturé lanang lan wadon, supaya pada dadi wong merdéka, nganti ora ana wong siji-sijia sing nduwé batur sangka tunggalané wong kuwi. Wong-wong pada ngrujuki lan pada merdékakké para baturé.