Jeremiah 34:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, Ingsun wus paring dhawuh lan mangsulake wadya-bala iku menyang ing kutha kene, banjur nempuh perang, mbedhah lan ngobong kutha iki. Kutha-kuthane Yehuda bakal Sundamel ludhes, nganti ora ana wong kang ngenggoni.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI mengkéné: Sak temené, Aku wis ngekèki préntah lan mbalèkké para suradadu kuwi menyang kuta kéné, terus nyerang perang, ngrebut lan ngobong kuta iki. Kuta-kutané Yéhuda bakal Tak gawé ludes, nganti ora ana wong sing ngenggoni.”