Jeremiah 35:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging nalika Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil nglurugi tanah punika, kula lajeng sami wicanten: Payo padha ngungsi menyang Yerusalem marga saka tekane wadya-bala ing Kasdim lan ing Aram iku! Makaten jalaranipun kula lajeng sami manggen wonten ing Yerusalem.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging waktu Nebukadnésar, ratu ing Babèl ngluruk negara iki, kita terus pada omongan: Hayuk pada ngungsi menyang Yérusalèm awit sangka tekané suradadu Kasdim lan Aram kuwi! Mengkéné jalarané kita terus pada manggon ing Yérusalèm.”