Jeremiah 36:12 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
terus medun menyang kratoné ratu menyang ing kamaré sèkretarisé. Ing kono kétok kabèh penggedéné pada njagong ya kuwi: juru tulis Elisama, Delaya, anaké Semaya, Elnatan, anaké Akbor, Gemarya, anaké Safan, Sedèkia, anaké Hananya lan kabèh penggedéné liyané.