Jeremiah 36:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Dadiné ing dina pasa kowé waé sing matyakké tembungé GUSTI sangka gulungan sing kok tulis sangka tutukku kuwi marang wong okèh ing griyané GUSTI; kuwi watyakna uga marang sak kabèhé wong Yéhuda sing teka sangka kuta-kutané.