Jeremiah 37:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuju ing sawijining dina Sang Prabu Zedhekia utusan wong mundhut Nabi Yeremia. Nuli kalawan sidheman Sang Prabu ndangu marang Nabi Yeremia: “Punapa wonten pangandikanipun Sang Yehuwah?” Unjuk wangsulane Nabi Yeremia: “Wonten! Panjenengan dalem badhe kaulungaken dhateng ing astanipun ratu ing Babil.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sakwijiné dina Sedèkia kongkonan wong njupuk Yérémia. Terus karo meneng-meneng ratu takon marang Yérémia: “Apa ana tembungé GUSTI?” Semauré Yérémia: “Ana! Sampéyan bakal dipasrahké ing tangané ratuné Babèl.”