Jeremiah 37:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Prabu Zedhekia banjur paring dhawuh, supaya Nabi Yeremia ditahan ana ing plataran pajagan lan saben dina supaya diparingi roti sairis saka ing dalan tukang roti, nganti saenteke roti ing kutha kono. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep ana ing plataran pajagan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sedèkia terus mréntah, supaya Yérémia diukum ing plataran penjagan lan saben dina supaya dikèki roti sak iris sangka dalan tukang roti, nganti sak entèkké roti ing kuta kono. Mengkono dadiné Yérémia tetep ing plataran penjagan.