Jeremiah 38:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse mangkono Nabi Yeremia nuli matur marang Sang Prabu Zedhekia: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahipun Israel: Manawa sira metoni lan masrahake uripira marang para prawirane ratu ing Babil, nyawanira bakal ingayoman lan kutha iki ora bakal kaobong; sira dalah sakulawarganira bakal lestari urip.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé mengkono Yérémia terus ngomong marang Sedèkia: “Mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: Yèn kowé metu lan masrahaké uripmu marang para penggedéné ratu ing Babèl, nyawamu bakal diayomi lan kuta iki ora bakal diobong; kowé uga sak kulawargamu bakal tetep urip.