Jeremiah 38:22 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sadaya pawestri ingkang taksih kantun wonten ing kratonipun Sang Nata ing Yehuda badhe kairid medal dhateng sangajengipun para prawiranipun ratu ing Babil, kaliyan nguwuh-uwuh: Kowe dibujuk lan dikalahake dening para mitra-mitramu. Nanging lagi bae sikilmu keblesek ing endhut, wong iku wis padha bali mulih.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh para wong wadon sing ijik kèri ing kratoné ratu ing Yéhuda bakal dituntun metu nang ngarepé para penggedéné ratu ing Babèl, karo mbengok: Kowé dibujuk lan dikalahké karo para kantya-kantyamu. Nanging ijik waé sikilmu keblesek ing endut, wong kuwi wis pada bali mulih.