Jeremiah 38:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawi para pengageng mangretos, bilih kula rembagan kaliyan sampeyan, temtu sami murugi sampeyan sarta wicanten: Kula sampeyan cariyosi, punapa ingkang sampeyan unjukaken dhateng Sang Prabu, saha punapa ingkang dipun pangandikakaken Sang Prabu dhateng sampeyan, sampun ngantos sampeyan tutupi, mindhak sampeyan kula pejahi!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn para penggedé ngerti, yèn kula rembukan karo sampéyan, mesti pada nemoni sampéyan lan pada ngomong: tyritakké, apa sing sampéyan omongké marang ratu, lan apa sing diomongké ratu marang sampéyan, aja nganti sampéyan tutupi, ndadèkké sampéyan bakal dipatèni!