Jeremiah 39:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
padha didhawuhi ngirid Nabi Yeremia saka ing plataran pajagan, kang banjur kapasrahake marang Gedalya bin Ahikam, bin Safan supaya diluwari, kareben kondur menyang ing daleme. Mangkono dadine Nabi Yeremia tetep manggen ana ing satengahing rakyat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
pada dipréntahké nuntun Yérémia sangka plataran penjagan, terus dipasrahké marang Gedalya, anaké Ahikam, anaké Safan supaya diluwari, bèn mulih menyang omahé. Mengkono dadiné Yérémia tetep manggon ing sak tengahé rayat.