Jeremiah 40:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia, sawuse diluwari saka Rama dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal, kang wus dhawuh nguculi rante kang kanggo ngecrek astane ana ing satengahing para wong buwangan saka ing Yerusalem lan Yehuda, kang arep diangkatake menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI marang Yérémia, sakwisé diluwari sangka Rama karo Nébusaradan, penggedéné suradadu pengawal, sing wis ngongkon ngutyuli ranté sing kanggo ngetyèk tangané ing sak tengahé para wong buwangan sangka Yérusalèm lan Yéhuda, sing arep diboyong menyang pembuwangan ing negara Babèl.