Jeremiah 40:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Yohanan bin Kareah nuli matur sesidheman marang Sang Gedalya ana ing Mizpa: “Keparenga kula kesah mejahi Ismael bin Netanya punika, ingkang boten ngantos konangan sinten-sinten. Punapaa ta dene panjenengan ngantos kasedanan, temah tiyang Yehuda ingkang sampun sami nglempak ndherek panjenengan punika lajeng pating blesar malih lan kekantunanipun Yehuda sami manggih tiwas?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yohanan, anaké Kareah terus ngomong meneng-meneng marang Gedalya ing Mispa: “Lilanana kula lunga matèni Ismaél, anaké Netanya kuwi, sing ora nganti konangan sapa waé. Kenèng apa ta nanging sampéyan nganti dipatèni, nganti wong Yéhuda sing wis pada nglumpuk mèlu sampéyan kuwi terus pating plentyar menèh lan turahané Yéhuda pada olèh mati?”