Jeremiah 40:4 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene ing dinten punika kula sampun nguculi rante ingkang wonten ing tangan sampeyan. Manawi sampeyan purun tumut kula dhateng tanah Babil, sumangga kula badhe rumeksa dhateng sampeyan. Nanging manawi sampeyan boten kesdu tumut kula dhateng Babil, sampeyan boten prelu pangkat! Sumangga sampeyan tingali sawradinipun tanah punika ginelar wonten ing ngajeng sampeyan; sampeyan kenging kesah dhateng pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae saha leres.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging ing dina kuwi kula wis ngutyuli ranté ing tangan sampéyan. Yèn sampéyan gelem mèlu kula nang negara Babèl, hayuk kula bakal njaga sampéyan. Nanging yèn sampéyan ora kudu mèlu kula menyang Babèl, sampéyan ora perlu budal! Hayuk sampéyan ndelok sak jembaré negara iki kebukak ing ngarep sampéyan; sampéyan kenèng lunga menyang ngendi waé sing sampéyan anggep apik lan bener.