Jeremiah 40:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sampeyan kenging wangsul dhateng panggenanipun Gedalya bin Ahikam bin Safan, ingkang sampun dipun tetepaken dening Sang Prabu ing Babil mengku kitha-kitha Yehuda lan sampeyan saged manggen nunggil kaliyan piyambakipun wonten ing satengahipun rakyat, utawi dhatenga pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae, sampeyan kenging mriku!” Panggedhening prajurit pengawal mau nuli ngaturi sangu pangan lan ganjaran, nuli dililani tindak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sampéyan kenèng mulih menyang panggonané Gedalya, anaké Ahikam, anaké Safan, sing wis ditetepaké karo ratu Babèl ngwasani kuta-kutané Yéhuda lan sampéyan bisa manggon nunggal karo dèwèké ing sak tengahé rayat, utawa menyanga ngendi waé sing sampéyan anggep apik, sampéyan kenèng mrana!” Penggedéné suradadu pengawal mau terus ngekèki sangu pangan lan berkah, terus dililani lunga.