Jeremiah 40:7 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika sakehe senapatining wadya-bala kang isih ana ing jaban kutha lan para prajurite padha krungu, manawa Sang Prabu ing Babil wus netepake Sang Gedalya bin Ahikam bin Safan dadi kang mengku nagara kono, lan wus dipasrahi panguwasa tumrap wong lanang, wong wadon lan bocah-bocah yaiku golongane wong mlarat, kang ora padha katut kabuwang menyang ing tanah Babil,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Waktu sak kabèhé komendané suradadu sing ijik ing njaba kuta lan para suradaduné pada krungu, yèn ratu ing Babèl wis netepké Gedalya, anaké Ahikam, anaké Safan dadi wong sing ngwasani negara kono lan wis dipasrahi pangwasa kanggo wong lanang, wong wadon lan botyah-botyah, ya kuwi golongané wong mlarat, sing ora pada katut dibuwang menyang negara Babèl,