Jeremiah 41:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ismaél terus nyekel kabèh turahané rayat ing Mispa: para anaké wadon ratu lan kabèh wong sing ijik kèri ing Mispa sing didadèkké pepréntahané Gedalya, anaké Ahikam karo Nébusaradan, penggedéné suradadu pengawal; Ismaél, anaké Netanya nyekel para wong kuwi lan terus lunga adoh menyang panggonané turunané Amon.