Jeremiah 41:16 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala kang padha ndherek, nglumpukake sakehe kekarening rakyat kang kabandhang dadi tawanan dening Sang Ismael bin Netanya saka ing Mizpa, sawise nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, yaiku para wong lanang, para prajurit, para wong wadon, bocah-bocah lan para punggawa kraton kang digawa bali saka Gibeon;
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yohanan, anaké Kareah lan sak kabèhé penggedéné suradadu sing pada mèlu, nglumpukké sak kabèhé turahané rayat sing ditawan dadi tawanan karo Ismaél, anaké Netanya sangka Mispa, sakwisé matèni Gedalya, anaké Ahikam, ya kuwi para wong lanang, para suradadu, para wong wadon, botyah-botyah lan para penggedé kraton sing digawa bali sangka Gibéon;