Jeremiah 42:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sanyata, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Kayadene kasoking dedukaningSun lan mulad-mulading bebenduningSun tumrap wong kang manggon ana ing Yerusalem, mangono uga kasoking dedukaningSun tumrap sira, samangsa sira lunga menyang Mesir. Sira bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan. Sira ora bakal ndeleng panggonan iki maneh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tenan, mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: Kaya grojokané nesu-Ku lan mulat-mulat bebendu-Ku kanggo wong sing manggon ing Yérusalèm, mengkono uga grojokané nesu-Ku kanggo kowé, yèn kowé lunga menyang Egipte. Kowé bakal dadi bebendu, rasa wedi, sepata lan dienyèk. Kowé ora bakal weruh panggonan iki menèh.