Jeremiah 43:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
banjur padha kandhanana: Mangkene pangadikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah, Ingsun ngutus wong supaya nimbali Nebukadnezar, ratu ing Babil abdiningSun iku, supaya ngadegake dhampare ana ing sadhuwure watu-watu kang Sundhawuhake supaya dipendhem iku, lan nggelar babuding kamulyane ana ing kono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
terus pada omongana: Mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: Aku ngutus wong supaya nyeluk Nebukadnésar, ratu ing Babèl abdi-Ku kuwi, supaya ngedekké damparé ing sak nduwuré watu-watu sing Tak omongké supaya dipendem kuwi lan nggelarké kamulyané ing kono.