Jeremiah 44:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun bakal mulung kekarening wong Yehuda, kang sumedya lunga menyang ing tanah Mesir, prelu manggon ana ing kana dadi wong neneka; wong iku bakal padha mati kabeh ana ing tanah Mesir; bakal padha ambruk mati dening pedhang lan bakal tiwas dening kaliren, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe; wong iku bakal padha mati dening pedhang lan kaliren apadene bakal dadi ipat-ipat, pagiris, supata lan cecampahan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku bakal ngelungké turahané wong Yéhuda, sing arep lunga menyang negara Egipte, perlu manggon ing kana dadi wong mantya; wong kuwi bakal pada mati kabèh ing negara Egipte; bakal pada ambruk mati karo pedang lan bakal mati karo kaliren, wiwit sing tyilik tekan sing gedé; wong kuwi bakal pada mati karo pedang lan kaliren uga bakal dadi bebendu, rasa wedi, sepata lan dienyèk.