Jeremiah 44:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para wong wadon mau padha numpangi: “Manawi kula sesaji kurban lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhateng raja putri ing langit punika, punapa boten kanthi kasumerepan dening semah kula, ugi anggen kula sami damel tetedhan atur-atur ngemba recanipun lan ngaturaken kurban unjuk-unjukan dhumateng panjenenganipun punika?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para wong wadon mau pada numpangi: “Yèn kula pada nggawé sajèn kurban lan masrahké kurban ombèn-ombèn marang ratu wadon ing langit kuwi, apa ora karo diduduhké karo bojo lanang kula, uga enggèn kula pada nggawé pangan pisungsung mada-rupa retyané lan masrahké kurban ombèn-ombèn marang dèkné kuwi?”