Jeremiah 44:25 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira, para wong lanang lan bojonira! Sira wus padha ngleksanani apa kang dadi ujarira, yaiku: aku bakal padha netepi temenan, nadar kang wus daklairake, sumedya sesaji kurban lan ngaturake kurban unjuk-unjukan marang raja putri ing langit. Iya becik! Wujudna lan luwarana nadarira temenan!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: Kowé, para wong lanang lan bojomu! Kowé wis pada nindakké apa sing dadi tembungmu, ya kuwi: aku bakal pada netepi tenan, janji sing wis tak gawé, arep pada nggawé sajèn kurban lan masrahaké kurban ombèn-ombèn marang ratu wadon ing langit. Ya betyik! Wujudna lan luwarana janjimu tenan!