Jeremiah 44:30 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, Ingsun bakal ngulungake Pringon Hofra, ratu ing Mesir marang ing tanganing mungsuhe, lan ing pangwasaning para wong kang ngarah nyawane, kayadene anggoningSun ngulungake Zedhekia, ratu ing Yehuda, marang ing tangane Nebukadnezar, ratu ing Babil, mungsuhe kang ngarah nyawane.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé GUSTI: Lah, Aku bakal ngekèkké Parao Hofra, ratu ing Egipte ing tangané mungsuhé lan ing pangwasané para wong sing ngarah nyawané, kaya enggon-Ku ngekèkké Sedèkia, ratuné Yéhuda, ing tangané Nebukadnésar, ratu ing Babèl, mungsuhé sing ngarah nyawané.”