Jeremiah 44:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saikine, mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Yagene sira nekakake bilai gedhe marang awakira dhewe? Sira arep numpes para wong lanang, wong wadon, bocah-bocah lan bayining wong Yehuda, nganti ora ana kekarene apa-apa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki, mengkéné tembungé GUSTI, Gusti Allah sing ngwasani langit lan bumi, Gusti Allahé Israèl: “Kenèng apa kowé nekakké tyilaka gedé marang awakmu déwé? Kowé arep matèni para wong lanang, wong wadon, botyah-botyah lan bayiné wong Yéhuda, nganti ora ana sing kèri apa-apa.