Jeremiah 49:16 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Trajangira kang nggegirisi lan kumlungkunge atinira, ngloropake sira, iya sira kang ana ing guwa-guwa parang, lan kang ana ing dhuwur gunung! Sanadyan sira gawe susuhira ana ing papan kang dhuwur, kaya manuk garudha, Ingsun bakal mlorodake sira saka ing kono, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tumindakmu sing medèni lan kemlèlèté atimu, ngapusi kowé déwé, ya kowé ing guwa-guwa watu, lan ing nduwur gunung! Senajan kowé nggawé susuhmu ing panggonan sing duwur, kaya manuk garuda, Aku bakal ngedunké kowé sangka kono, - mengkono tembungé GUSTI—.