Jeremiah 49:32 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Unta-untane bakal dadi jarahan lan raja-kayane kang akeh cacahe iku dadi rayahan. Ingsun bakal mbuyarake marang keblat papat sakehing wong kang nyukur pucuking rambute mubeng lan Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap marang para wong iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Unta-untané bakal dadi rebutan lan kéwan-kéwané sing okèh tyatyahé kuwi dadi rayahan. Aku bakal mbuyarké nang kéblat papat kabèh wong sing nyukur putyuké rambuté mubeng lan Aku bakal nekakké tyilaka kanggo para wong kuwi, —mengkono tembungé GUSTI.—