Jeremiah 49:36 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku nekakké marang Elam angin papat sangka kéblat papat lan bakal mbuyarké wong-wong kuwi nang kéblat papat, nganti ora ana bangsa siji-sijia sing ora katekan wong Elam sing pating plentyar mau.