Jeremiah 49:37 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ingsun ndadekake girise Elam ana ing ngareping mungsuhe lan ing ngarepe para wong kang ngarah nyawane, Ingsun bakal ndhatengake bilai marang Elam, yaiku dedukaningSun kang mulad-mulad, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal ngutus pedhang mburu wong-wong mau nganti Sunsirnakake kabeh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku ndadèkké kagèté Elam ing ngarepé mungsuhé lan ing ngarepé para wong sing ngarah nyawané, Aku bakal nekakké tyilaka marang Elam, ya kuwi nesu-Ku sing mulat-mulat, - mengkono tembungé GUSTI. - Aku bakal ngutus pedang nguber wong-wong mau nganti Tak entèkké kabèh.