Jeremiah 5:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan manawa sira besuk takon-takon: Apa ta prelune Sang Yehuwah, Gusti Allah kita nindakake prakara iku mau marang kita?, sira wangsulana mangkene: Kayadene anggonira wus nyingkur marang Ingsun lan ngawula marang allah liyane ing nagaranira, sira iya bakal ngawula marang bangsa liya ana ing nagara kang dudu nagaranira.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn kowé mbésuk takon-takon: Apa ta perlune GUSTI, Gusti Allah kita nindakké perkara kuwi mau marang kita? Kowé semaura mengkéné: Kaya enggonmu wis nyingkur marang Aku lan dadi baturé marang allah liyané ing negaramu, kowé ya bakal dadi baturé bangsa liyané ing negara sing duduk negaramu.”