Jeremiah 5:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dhuh Sang Yehuwah, punapa tingal Paduka boten tumuju dhateng ing kaleresan? Paduka sampun nggebagi tiyang-tiyang punika, ewadene boten ngraos sakit. Paduka sampun ngremuk tiyang-tiyang punika, ewadene sami boten sami purun nampeni pamerdi. Manahipun sami dipun atosaken nglangkungi sela, lan sami boten purun mratobat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Duh GUSTI, apa mripat Panjenengan ora tumuju marang kabeneran? Panjenengan wis nggebuki wong-wong kuwi, nanging ora krasa lara. Panjenengan wis ngremuk wong-wong kuwi, nanging pada ora gelem nampani piwulang. Atiné pada diatosaké ngungkuli watu, lan pada ora gelem mratobat.