Jeremiah 50:40 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pada kaya waktu Gusti Allah molak-malik negara Sodom lan Gomora lan kuta-kuta ing sak tyedaké, mengkono uga ora bakal ana wong sing manggon ing kono menèh lan ora ana manungsa siji-sijia sing manggon ing kono menèh. Mengkono tembungé GUSTI.