Jeremiah 51:58 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Balowartine Babil kang kandel bakal digempur nganti warata karo lemah, gapura-gapurane kang dhuwur bakal diobong, satemah kangelane para bangsa padha tanpa guna lan kesel-sayahe para talering bangsa mung padha dadi pakaning geni bae.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkéné tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi: Témboké Babèl sing kandel bakal digempuri nganti rata karo lemah, gapura-gapurané sing duwur bakal diobong, terus kangèlané para bangsa pada tanpa guna lan rekasané para taleré bangsa mung pada dadi pangané geni waé.”