Jeremiah 52:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
balowartine kutha nuli dibedhah. Bareng Sang Prabu mirsa prakara iku banjur lolos sabalane nilar kutha kono ing wayah bengi, tindak miyos ing gapura ing sela-selaning balowarti loro, cedhak ing taman raja, sanadyan bala Kasdim ngepung Yerusalem temugelang. Anggone padha lumayu ngener lebak Araba-Yarden.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
témboké kuta terus dibedah. Bareng ratu ngerti perkara kuwi terus mblayu lan sak balané ninggalké kuta kono ing wayah mbengi, lunga metu ing gapura ing sela-selané témbok loro, tyedak ing taman ratu, senajan suradadu Kasdim ngepung Yérusalèm mubeng. Enggoné pada mlayu nuju legokan Araba-Yordan.