Jeremiah 7:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Sira ngadega ana ing gapuraning Padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono sira nguwuh-uwuha, mratelakna pangandika iki sarta kandha: Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, he para wong Yehuda kabeh kang lumebu ngliwati sakehe gapura iki arep nyembah sujud marang Sang Yehuwah!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kowé ngadeka ing gapurané griyané GUSTI, ing kono kowé mbengoka banter, omongna tembung iki: Pada rungokna tembungé GUSTI, hé para wong Yéhuda kabèh sing mlebu ngliwati sak kabèhé gapura iki arep nyembah sujut marang GUSTI!