Job 2:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Iblis: “Sira apa iya nggatekake marang abdiningSun Ayub? Awit ing salumahing bumi ora ana wong kang madhani bab anggone jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadene anggone nyingkiri piala, sarta tetep anggone ngantepi ing katemenane, sanadyan sira wus ngojok-ojoki Ingsun supaya Ayub Suntumpes tanpa sabab.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI marang sétan: “Kowé apa ya nggatèkké marang abdi-Ku Ayub? Awit ing sak lumahé bumi ora ana wong sing madani bab enggoné jujur lan bener lan ngabekti marang Gusti Allah, uga enggoné ngedohi sing ala lan tetep enggoné nurut ing katemenané, senajan kowé wis ngojok-ojoki Aku supaya Ayub bakal tak entèkké tanpa sebab.”