Job 7:21 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saha punapa sababipun dene Paduka boten karsa ngapunten kalepatan kawula, tuwin boten karsa ngicali duraka kawula? Amargi mangke kawula badhe tilem wonten ing siti, sarta Paduka lajeng badhe madosi kawula, nanging kawula sampun boten wonten malih.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan apa sebabé Panjenengan ora gelem ngapura kesalahan kula, lan ora gelem ngilangi duraka kula? Awit mengko kula bakal turu ing lemah, lan Panjenengan terus bakal nggolèki kula, nanging kula wis ora ana menèh.”