Joel 1:13 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
He, para imam, padha manganggoa bagor lan sambat-sambata, he, para kang ngladeni misybah, padha ngadhuh-adhuha, he, para Gusti Allahku, pada lumebua, padha nginepa kalawan manganggo bagor, dene padalemane Gusti Allahmu wus koncatan kurban dhaharan lan kurban unjukan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Hé, para imam, pada nganggoa salin kasusahan lan sambat-sambata, hé, para sing ngladèni mesbèh, pada ngaduh-aduha, hé, para peladèné Gusti Allahku, pada mlebua, pada nginepa karo nganggo salin kasusahan, nanging griyané Gusti Allahmu wis ilang kurban panganan lan kurban ombènan.