Joel 2:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para imam, para abdine Sang Yehuwah, padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah, sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka, bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada, temah dipun poyoki dening para bangsa. Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa: Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para imam, para abdiné GUSTI, pada nangisa ing antarané pendapa lan mesbèh, lan ngomonga: “Duh GUSTI, supaya gelem ngekèki kawelasan marang umat Panjenengan, bangsa duwèké Panjenengan piyambak aja nganti ditégakké dadi tyatyat, nganti dipoyoki karo para bangsa. Kenèng apa nganti ana tembungé wong ing antarané para bangsa: Gusti Allahé wong kuwi ing ngendi?”