Joel 2:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing ngarepe ana geni kang memangsa nganti ludhes, lan ing burine ana urubing geni kang nggesengake. Tanah kang ana ing ngarepe kaya patamanan Eden, nanging ing burine pasamunan kang mati; sarta ora ana kang bisa ngoncati bangsa mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing ngarepé ana geni sing ngobong nganti ludes, lan ing mburiné ana urupé geni sing nggosongké. Negara ing ngarepé kaya taman Eden, nanging ing mburiné ara-ara samun sing mati; lan ora ana sing bisa ngéndani bangsa mau.