John 10:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono wong-wong Yahudi banjur padha ngrubung Panjenengane lan padha munjuk: “Ngantos pinten dangunipun anggen Panjenengan damel mangu-mangunipun manah kula? Manawi Panjenengan punika Sang Kristus, Panjenengan blakakaken dhateng kula sadaya.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para penggedéné wong Ju terus pada ngubengi Dèkné takon: “Mbok awaké déwé ndang diomongi ta! Nèk kowé kuwi pantyèn Kristus tenan, mbok ngomong blaka ta?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong-wong Ju terus pada ngrubung Panjenengané lan pada ngomong: “Nganti pira suwéné anggèn Panjenengan nggawé mangga-marané ati kita? Yèn Panjenengan kuwi Kristus, supaya Panjenengan blaka marang kita.”