John 12:47 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk ènèng wong ngrungokké pituturku nanging ora dilakoni, Aku ora bakal nyetrap wong kuwi. Aku teka nang jagat kéné ora arep nyalahké manungsa, ora. Aku mbréné iki arep nulungi manungsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn wong ngrungokké tembung-Ku, nanging ora nindakké, Aku ora dadi hakimé, awit teka-Ku iki ora supaya ngadili jagat, nanging supaya nylametké.